FAQ |
Calendar |
![]() |
|
Misteri, Horror, Supranatural Yuk baca cerita horor, lihat dan share penampakan mahluk gaib disini. Boleh juga membuka konsultasi ramalan,tarot dan sejenisnya |
![]() |
|
Thread Tools |
#1
|
|||
|
|||
![]()
1.
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilahi kab�h, jin s�tan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggaw� ala, gunan� wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing mami, guna duduk pan sirna. 2. Sak�hing lara pan samya bali, sak�hing ama sami miruda, welas asih pandulun�, sak�hing braja luput, kadi kapuk tibanireki, sak�hing wisa tawa, sato kuda tutut, kayu a�ng lemah sangar songing landak guwaning mong lemah miring, myang pakiponing merak. 3. Pagupakanning warak sakalir, nadyan ardya myang sagara asat, satemah rahayu kab�h dadi sarira ayu, ingideran mring widhadari, rineks�ng Mala�kat, sakatahing rusuh, pan dan sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa. 4. Napasingun Nabi Isa luwih Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku mangk�, Nabi Dawud swaraku, Yang Sul�man kasekt�n mami, Ibrahim nyawaningwang, Idris ing rambutku, Bagenda Li kulitingwang, Abu Bakar getih daging Umarsinggih balung Bagenda Usman. 5. Napas Ingsung Nabi Isa Luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Ayub minangka usus�, Sak�hing wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad, panduluku Rasul, pinayungan Adam syarya", sampun pepak sakatahing para nabi, dadi sarira tunggal. 6. Wiji sawiji mulan� dadi, pan apencar dadya sining jagad, kasamadan d�ning Dzatt�, kang maca kang angrungu, kang anurat ingkang nimpeni, rahayu ingkang badan, kinarya sesembur, winacakna ing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong �dan dadi waras. 7. Lamun arsa tulus nandur pari Puwasa-a sawengi sadina, iderana gelengan�, wacanen kidung iki, sakeh ama tan ana wani, miwah y�n ginawa prang wateken ing ekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan. 8. Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, teguh ayu penemun�, lamun ginawa nglurug, mungsuhira datan udani, luput senjata uwal, iku pamrihipun, sabarang pakaryanira, pan rineksa d�ning Yang Kang Maha Suci, sakarsan� tinekan. 9. Lamun ana wong kabanda kaki, lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku ba�, wacakna tengah dalu, ping salaw� d�n banget mamrih, luwaring kang kabanda, kang dinenda wurung, dedosan� ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi kang lara dadi waras. 10. Sing sapareke arsa nglakoni, amutiha lan anawa-a, patang puluh dina wa�, lan tangi wektu subuh, lan d�n sabar sukur ing ati, Insya Allah tinekan, sakarsanir�ku, njawabi nak - rakyatira, saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk an�ng Kalijaga |
#2
|
|||
|
|||
![]()
fungsinya buat apa ya?
|
#3
|
||||
|
||||
![]()
hati2 ndan...
bukan mantra sembarangan itu... |
#4
|
|||
|
|||
![]()
gag percaya mantra semua itu jin kafir , yang namanya demit, tuyul, kuntilanak, gendruwo DLL itu semua jin, manusia lebih mulya dari jin, setan, iblis DLL, jadi ngapain kita memuja ibarat gaib ato sihir,,, tai asuuuu, semakin kita berani semakin kita menang sebagai ciptaan paling sempurna di dunia ini
|
#5
|
||||
|
||||
![]() Quote:
![]() |
#6
|
|||
|
|||
![]()
Kidung tersebut dikarang oleh Sunan Kalijaga untuk mengislamkan orang jawa,,,,,
|
#7
|
||||
|
||||
![]()
ini kan karangan nya sunan kalijaga ndan kl g salah
![]() ada maksud apa neeh d balik buat thread ini ![]() |
#8
|
||||
|
||||
![]() Quote:
![]() |
#9
|
|||
|
|||
![]()
mantra ini untuk apa ya? apa benar2 efektif?
|
#10
|
|||
|
|||
![]()
klo d baca kita bsa ngapain ndan?
|
![]() |
|
|